Kamis, 08 Mei 2025

Contoh Pranatacara MC Adat BARITAN


Assalamu ‘alaikum wr.wb

Bismillahirrahmanirrahiim

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin

Washolatu wasalaamu ‘ala asrofil anbiyaa-i wal mursalin

Wa ‘ala alihi washohbihi ajma’in…

Lahaula wall quwwata illa billahil ‘aliyyil ‘azhim, amma ba’du

Dumateng poro sesepuh, aji sepuh, pini sepuh soho kasepuhan, ingkang anggung amastuti dhateng pepoyaning kautaman ingkang tuhu saktuhu kito bekteni;

Poro pangemban pangembating projo, kasatriyaning nagari minongko pangayomaning poro kawulo dasih ingkang tuhu pantes sinudarsono;

Dhumateng poro pangarsaning agami, pangarsaning adat lan budaya ingkang tuhu kinurmatan.

Sagunging poro pilenggah kakung putri, wredo mudo, lan poro pamiyarso sedoyo ingkang satuhu bagyo mulyo

Purwakaning atur, monggo sesarengan angaturaken pujo puji lan syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT, ingkang sampun paring kanugrahan, kabegjan lan kabagaswarasan kito sedoyo katitik ing titi wanci meniko saged makempal manunggal wonten ing pahargyan wekdal puniko  kanti pinaringan widodo nir ing sambekolo.

Donga Sholawat lan salam mugio tansah kaluberaken dumateng Nabi panutan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang tansa kito ajeng-ajeng pitulunganipun wontening dinten akhir.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Tuhu linepatno ing deduko, tinebihno ing tulaksarik dene kulo cumanthoko ngadeg ngabyantoro wonten ngarso panjenengan sedoyo, awrat netepi jejibahan saking panitia Tradisi Baritan Desa Logandu, supados nderekaken runtut reroncening acara ing titiwanci meniko.

Sakderengeringipun adicoro baritan kaleksanan, kepareng kulo anturaken menggah runtut reroncening adicoro ingkang badhe kalampahan ing titiwanci dalu meniko.

  1. Sepisan pambuko
  2. Ongko kalih atur pambagyo harjo saking Panitia
  3. Ongko tigo Pamedhar sabdo saking Sesepuh Adat
  4. Ongko sekawan Pamedhar sabdo saking Kepala desa
  5. Ongko gangsal Donga panutup

Mekaten menggah runtuting adicoro ingkang badhe kalampahan ing titiwanci dalu meniko. Ngengeti wekdal ingkang sampun sakwetawis dalu, pramilo sumonggo kita wiwiti acara ndalu meniko kanthi ngunjukaken pandonga wonten ngarso dalem Gusti ingkang akaryo jagat Allah SWT, ingkang ngrasuk agami Islam sarono ndonga Basmallah sesarengan, wondene ingkang ngrasuk agami sanes kasuwun anjumbuhaken……

Matur nuwun, mugio kanthi waosan donga Basmallah meniko acara Baritan ndalu meniko, saking purwo madyo lan wasono lumampah kanthi gangsar lancar tan manggih rubedo setunggal menopo… Aamiin.

Ndungkap adicoro ingkang ongko kalih, nenggih atur pambagyo harjo saking Panitia, ingkang badhe kasaliro dhumateng panjenenganipun bopo ……………… dhumateng panjenenganipun bopo …… sasono woro kasumanggaken.

…………………………………………………………….

Saktuhu tatas, titis, tetes atur pangandiko saking bopo………… Dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo, nenggih Pamedhar sabdo saking sesepuh adat, ingkang badhe kawedhar sabdo dening panjenenganipun bopo ………… dhumateng panjenenganipun bopo ………… sasono woro kasumanggaken…

Gamblang wijang wewentehan pamedhar sabdo saking panjenenganipun bopo ………….. minongko sesepuh adat desa ……………. Dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun.

Ndungkap adicoro ingkang ongko sekawan, nenggih Pamedhar sabdo saking Kepala Desa …….. dhumateng panjenganipun bopo…… saksono woro katur…….

Mekaten atur pangandiko saking bopo Kepala Desa….. dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Lajuning adicoro ndungkap adicoro ingkang pungkasan, nenggih donga panutup. Namung sakdereningipun dipun pungkasi, kulo ingkang piniji minongko pambiyoworo mbok bilih anggenipun nderekaken runtut reroncening adicoro saking purwo madyo lan wasono, kathah atur ingkang kirang trapsilo, tan jangkeping totoboso, kiranging subosito, mboten namung tansah nyadhong lumunturing sih pangaksomo.

Sumonggo kito pungkasi adicoro meniko kanthi donga hamdallah sesarengan.

Dhumateng sakgunging poro pilenggah katuran lenggah kanthi mardikaning penggalih sinambi mriksani beksan lengger barit dumugi paripurno.

Katur pangarsaning barit kasumanggaken ngantos purnaning pahargyan ing dalu meniko.

Wallohul muwafiq, ila aqwamith thoriq

Wassalaamu ‘alaikum wr.wb

Nuwun…nuwun……...nuwun

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar