Senin, 09 Juni 2014

Tuladha Atur Pasrah Lamaran


 Assalamu'alikum Wr.Wb.
Wonten pangarsanipun para sesepuh,  pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman,  ingkang pantes pinundhi saha kinabekten,
Para pangemban pangembating praja kasatrianing nagari ingkang minangka songsong agung saha pamomonging para kawula dasih ingkang tuhu pantes sinudarsoono;
Sagunging para pilenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdhaning akrami;
Miliginipun katur panjenenganipun Bopo ...... (ingkang mengku gati) ingkang satuhu bagyo mulyo.
Kanti pepayung budi rahayu
saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng gusti ingkang maha suci nemggih Alloh SWT, "mugi rahayuha sagung dumadi", tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberana dhumateng kawula;
Amit pasang aliman tabik,  mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik,  dene kula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan,  inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula pinji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp............sekalihan.
Panjenenganipun Bp........sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sangunging pakurmatan,   kula pinangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp........sekalihan,
ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumrambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan, ingantawisipun Bp.......... sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasihpun Bagus......... kaliyan Bp......... sekalihan garwa (lingkang mengku gati) hanggadhahi kenya sesilih Rara.........
Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe kanthi atur makaten karono sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenengenipun Bp......... sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalengahan punika ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten
ngarsanipun Bp.......... sekalihan garwa inggih punika;
sanggan, saha majemuk ingkang sampun wonten wujud
ipun, kanthi pangajabing sadya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saged pisah lami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp......... sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ingkang awujud.................. ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon panganten putri.
Mboten k
ekilapan Bp................... sekalihan ngaturaken redana wujudpun arto, kagema damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp........... sekalihan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh harmiwaha putra mahargya siswi.
Kajawi punika panyuwunipun Bp.........sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkas
aning atur, hambok bilih Bp........... sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakirangannipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp......... sekalihan, menawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita minggahing tatakrami, kula nyuwun sihing samodra pangaksami. Kanthi asesanti, “joyo-joyo wijayanti, rahayuha ingkang tansah pinanggih”.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu'alaikun Wr.Wb.

11 komentar:

  1. ijin mengamalkan pidato mas babeh

    BalasHapus
  2. monggo silahkan..
    makasih sudah mampir doblog saya

    BalasHapus
  3. Matur suwun seratanipun Tulodho Lamaran Temanten saget njangkepi kekirangan kulo

    BalasHapus
  4. Nyuwun ijin copas , nyinau saha ngginakaken Bapa....matur nuwun

    BalasHapus
    Balasan
    1. Monggo.. mugi-mugi manfangati kagem sedayanipun..

      Hapus
  5. matur nuwun sanget,,,saget abantu kulo anggenipun bade matur.....

    BalasHapus
  6. Matur suwun sanget saget mbatu kulo matur mangke ...

    BalasHapus