Rabu, 10 Oktober 2018

Kidung tengah wengi..


Rinakit kidung tengah wengi,
Kairing kumebuling wedang kopi,
Kumeluning kukus menyan wangi,
Ganda arum ngebeki bumi.

Duh gusti....
Kang andum basuki,
Kang ngangkat sakehing bilahi,
Memala, durbala darubeksi.

Namung paduka sesembahan kita sami,
Papan panyuwunan kang kaesthi,
Papan sambat lan pamuji,
Puji donga kang nyawiji.

Paringana kekuatan,
Paringana keslametan,
Dohna seka godane setan,
tuntunen marang dalan kabeneran.

Kidung tengah sawah,,,

Esuk umun-umun...101018
Rikala liyane esih njingkrung kemulan sarung,
wis gumregah jumangkah menyang sawah.
Hawa adem lan pedhuting kabut ora ndadeake ati ciut,
kelingan sedulur kang neng sawah wis ngawe-awe njaluk dikudang.

Arepa wong liya nganggep nistha,
Arepa wong liya nudhuh rekasa,
Arepa wong liya nyawang separo mata,
Mbok menawa merga iri lan rumangsa.

Sedulurku iki pengaji,
Sedulurku iki akeh kang nggoleti,
Sedulurku iki melu nyumbang marang negri,
Sedulurku iki melu gawe seneng marang sesami.

Sliramu aja munafik,
Sliramu aja sirik,
Sliramu aja dodolan milik...

Njur nudhuh sedulurku kanthi tembung kang nglarani ati,
Nudhuh andum memala lan bakteri,
Nudhuh nyebar pepati..

Nanging ngertiaaa!!!
Kanggoku sedulur andum rejeki,
Sedulurku melu ngangkat ekonomi...
Walangsemirang, 101018

Selasa, 09 Oktober 2018

Filosofi Kendhuren dalam Budhaya Jawa

Endahing pasrawunganing menungsa merga "kabungkus" budhaya lan bahasa.
Sedulur.....
Meh saben dina krungu sing jeneng misuh-misuh, maido, wadan winadan, cacat-cinacat ing antarane menungsa siji lan sijine. Mbuh sing secara langsung utawa via media cetak, elektrotik apamaning media sosial. 
Alesane beda-beda. 
Ana sing merga rumangsa kurang marem, rumangsa kurang seneng, kalebu rumangsa lewih pinter lan lewih bener, utawa ana uga sing merga ora kenduman jatah sing kudune pancen ora nrima.
Sakjane kuwe kabeh "hak_e dewek-dewek" ora perlu dipaido lan dikomentari.
Sedulur...
Rikala wulan Sura (Muharam) sebagian besar wong Jawa esih ngleksanaake sing jeneng Kenduren. Wujud tasyakuran ngunjukaken pandonga lan penyuwunan njur dibarengi sodakohan, utawa sedhekah. Ana pelajaran lan piwulang luhur kang kasimpen ing budhaya kendurenan hubungane karo mbangun sesrawungan kang bagus bisa andum katentremaning bebrayan.
Ayuhhh bareng-bareng sinau sesrawungan liwat budhaya KENDHUREN:
1.      Rikala ngaturi sedulur tangga teparo kon kenduren mawi tembung sing pantes lan luwes. Kaya umpamane, "nuwun sewu pak....... Sowan kulo diutus dening pak... Gegandhengan panjenenganipun saweg kagungan hajat, bapak katuran tindak wonten dalemipun saperlu kasuwun idi lan sawab pandonganipun ing mugio kersanipun saged kasembadan. "Endahing bahasa nentremake pasrawungan".
2.      Rikala wis kumpul, sing sepuh katuran lenggah ing duwur, sing enom kanthi legawa lungguh ing ngisor "ing klasa". "Endahing budhaya (unggah-ungguh) ngerti empan papan lan hormat maring kang sepuh.
3.      Rikala titi mangsa wis tumeka, kang kagungan hajat ngaturaken wigati lan hajate katerusake donga puji kapimpin "kaum/mudin". Dene liyane kanthi hikmad ngestreni njurung "AMIIIN" kang ateges atur pandonga mugio kasembadan sedyane.
"Endahing rasa, manunggal nyawiji dadi siji".
4.      Uborampe kendhuren, mulai tumpeng sak ingkunge banjur kabagi rata marang kabeh warga kendhuren. Kabeh ditampa kanthi rasa seneng, senajan nampan-e beda, tegese sing nampa gulu pitik ora protes, sing nampa ceker uga ora protes, senajan ngerti kancane nampa dada menthok utawa pupu pitik. "Endahing guyub rukun marang sepadhane".
Rikalane pamit bali, juga ora "mblonos", nanging pamitan mawi tembung, contone: "Kulo nekseni hajate, kepareng pamit wangsul" Wujud "pertanggungjawaban" merga wis diparingi "brengkesan brekat" lan merga disuwuni dadi seksi (nekseni) menggah hajate.
"Endahing budhaya lan bahasa, nuwuhaken katentremaning pasrawungan".