Jumat, 28 September 2018

Merdi Desa Ruwat Bhumi Desa Logandu

Sadurunge menungsa diciptakna, wis digawe disit wujud bumi langit saisine. Ana piwulang sinandi tumrap uriping menungsa. Siapna disit bahan isining weteng sadurunge nyiapna liyane. Sebab weteng kuwe piranti sing bisa nguripi ya mateni, bisa nyebabna kepenak awak, nanging bisa nyengsarakna awak.
Akeh wong sing bisa urip mulya, kepenak rasane, seneng atine merga weteng.
Nanging ora sethithik wong sing cilaka, peteng nalare lan sengsara uripe, ya merga weteng.
Mula bhumi minangka sumbering panganing menungsa kudu tansah dirawat diopeni aja dirusak dimen uriping menungsa tetep kacukupan sandang pangane.
Ruwat uga ana sing maknani mbuang sengkala. Tegese: Bumi kang kudune dijaga lan diopeni, kasunyatan wis akeh sing rusak lan dirusak dening menungsa dewek.
Contone: Ndisit ora kebingungan golet banyu bersih nggo minum, nanging saiki akeh sing pada sambat kurang banyu. Anehe njur maido karo alam, kepara maido marang Pengeran.
Ndisit bhumi katon ijo royo-royo edi endah sinawang, oksigen turah. Saiki bhumi katon gersang panss pundho neng padang pasir utawa repat kepanasan.
Lan isih akeh kahanan kang wis owah gingsir rubah merga polahe menungsa. Mula perlu diruwat, di buang sengkalane, di lereni tingkah polah sing ora nggenah..
Wujuding pangruwat, donga, puji, usaha lan janji.
Donga puji lire menungsa aja lali, eling marang gusti kang wus nyiapake dalaning rejeki.
Usaha, tegese lamon ngerti tindakane nalisir, nyimpang dalan, ndang bali_a dalan sing bener.
Janji tegese nguataken atine niat lan semangat ninggal perkara sing salah, tumuju perkara sing ndadeake berkah.

Ngresiki rereged, nulak bilahi kudu mawi diusahani.
Katentreman lan kemakmuraning poro kawulo kudu di ikhtiari.
Sapa sing tanggungjawab?
Pangrehing projo, pangarsaning desa, nduweni kewajiban minangka pengayoman lan paran pitakonan tumrap para kawulane.
Mbarengi dina Rebo wage malem Kemis Kliwon, 14-15 Sura 1952 / Tahun BE, Bopo Sarlan Logandu minangka Kepala Desa Logandu lumantar pangarsaning Lembaga Masyarakat Peduli Adat Ki Gedhe Tanpa Aran nganaake pisowanan agung angumpulaken para Kasepuhan saperlu ambeber Merdi Desa "Ruwat Bhumi".
Kawiwitan mboyong "Tirto suci sendhang pitu" (Sumber Pedhukuhan Karanganyar, Totogan, Genggong, Srengseng, Mlakakerep, Benda, lan Kali Sapi).
TIRTO SUCI (banyu suci) ngemu teges: ngresiki samubarang dimen suci kudu kelawan banyu suci.
TIRTO WENING uga ngemu teges: Kanthi dasar weninging ati antebing kalbu minangka daya kekuatan kanggo ngudi panyuwunan pitulungan (SUMBER TUK PITU) marang dzat sing gawe jagat.
Pisowanan agung kang kawiwitan mawi tembang:

"Pepujanku nuswantara,
Bumi kelahiran mami,
Sun sesuwun mring pangeran,
Ing siyang pantaran ratri,
Tebihna tulaksarik,
Antuk nugraha hyang agung,
Tata tentrem raharja,
Adil makmur kang sejati,
Kondhang kumpul kuncara mring manca praja" 

Ngemu teges: manunggaling para Kasepuhan, kanoman, kawulo lan panguasa (pejabat) dadi gaman kang ampuh kanggo nggayuh sedyo luhur.
Puncaking acara Ruwat bhumi mawi serah terima "Tirto suci sumber tuk pitu" saking Ketua LMPA Desa Logandu Ki Gedhe Tanpa Aran ya Ki Gedhe Mardiadi kapasrahake Ki Dalang Siswadi Mudo Carito kang piniji angruwat Desa kanthi mbeber wayang kulit.