Senin, 19 Februari 2024

Kidung Sejarah Desa Logandu

 Kidung sejarah Desa Logandu disusun oleh Ki Gedhe Tanpa Aran sebagai wujud darma dan cinta kepada Desa Logandu. Kidung ini pertama disuguhkan/dikumandangkan pada malam tasyakuran Peringatan HUT RI ke 78 di pendopo Balai Desa oleh Paguyuban Kidung Swara Langit yang merupakan bagian dari kidugan sakral Jagongan NGUPET.

Kidung Leluhur

Kacarito dhuk semono

Laladan Logandu nagri  

Wiwit saking Kali Sadang  

Dhukuh Wlahar ambatesi  

Mangetan sru katiti  

Karanganyar watesipun

Punjering paprentahan  

Karangmangu kang kapiji  

Ki Ketadikrama Lurah kang kapisan#

 

Kapindho Ki Ketadrana  

Ngasto seket wolu warsi

Kaping tri Ki Kretawangsa

Nyekel pusaraning adil

Tri dasa sanga warsi

Dene ingkang kaping catur

Nenggih bapak Sumarjo

Ngasto namung wolung sasi

Katerasaken dening bapak Dulahmad#

 

Dulahmad nyekel pangwasa

Lurah Logandu anenggih

Dangunyo mung kalih warsa

Sewidak wolu mungkasi 

Tumuli dipun ganti 

Kartowiyono rumuhun

Asma alite hirlan

Jumeneng Lurah anenggih 

Tumeka ing siji sanga wolu papat#

 

Lurah ingkang kaping sapta

Suhono asmanereki

Wolu papat tahuniro

Tumeka ing sanga kalih

Anenggih wolung warsi 

Kaganti PeJe Sariyun

Ngantos ndungkap sakwarso 

Nulya Suhono kapilih 

Dados lurah periode ping kalihnyo# 

 

Tumeka ing titi mangsa 

Ciptane sesepuh nguni

Kang nyekel ing panguasa 

Ping sapta datan angalih

Ping wolu angepasi 

Tumibaning hara-huru 

Saweneh ambalela  

Ana dredah demonstrasi  

Suhono lengser keprabon saknaliko#  

 

Dumadining huru hara 

Slasa pon ing wolu Juli 

Sanga wolu ing tahunyo 

Dadio pangeling-eling

Cukup pisan dumadi  

Anak putu aja tiru 

Sinigeg kacarito  

Suhono iku kaganti  

Minangka PeJe lan sekdes Ki Tarsono#  

 

Kepala Desa ping sanga 

Asmane pak Umaryadi

Rongewu siji tumeka 

Rong ewu enem mungkasi 

Suwene limang warsi  

November pungkasanipun 

Kaganti PeJe Karlan  

Suwene ing sangang sasi  

Tumuli Sarlan ingkang kawinisuda#

 

Madegipun bapak Sarlan  

Wiwitan wolulas Juli

Rong ewu pitu tahunnyo  

Tumeka wolulas Juli   

Dene tahunereki   

Rong ewu telulas ipun  

Jangkeping enem warsa  

Ngasto ing tahap kasiji   

Madeg Kepala Desa kaping sedoso#

 

Tahun rong ewu telulas 

Ki Sarlan kapilih malih

Minangka Kepala Desa 

Periode kaping kalih  

Jejer lawan sang istri  

Minangka pasanganipun 

Dumugi enem warso 

Rong ewu songolas dugi  

Sinengkuyung warga lan para sentana# 

 

Tahun rong ewu songolas  

Ki Sarlan gyo amungkasi  

Periode kang kapindho  

Lulus kalising bilahi  

Dumugi titiwanci   

Purnaning jabatanipun  

Dumugi titimangsa  

Pilihan ing sasi Juli   

Ki Sarlan jumeneng ingkang kaping tigo#  

 

Jumeneng Kepala Desa  

Periode kang kaping tri 

Enem tahun ing samengko  

Tansah pinayungan Gusti  

Kalis saking bilahi 

Jumbuh kang tansah ginayuh  

Sembada kang kacipto  

Ayem tentrem kang kaesthi   

Gemah ripah kerta tata tur raharjo##

Nuwun...