Selasa, 06 Mei 2025

Contoh Pamedhar Sabdo: Panitia BARITAN


Assalamu ‘alaikum wr.wb

Bismillahirrahmanirrahiim

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin

Washolatu wasalaamu ‘ala asrofil anbiyaa-i wal mursalin

Wa ‘ala alihi washohbihi ajma’in…

Lahaula wall quwwata illa billahil ‘aliyyil ‘azhim, amma ba’du

Dumateng poro sesepuh, aji sepuh, pini sepuh soho kasepuhan, ingkang anggung amastuti dhateng pepoyaning kautaman ingkang tuhu saktuhu kito bekteni;

Poro pangemban pangembating projo, kasatriyaning nagari minongko pangayomaning poro kawulo dasih ingkang tuhu pantes sinudarsono;

Dhumateng poro pangarsaning agami, pangarsaning adat lan budaya ingkang tuhu kinurmatan.

Sagunging poro pilenggah kakung putri, wredo mudo, lan poro pamiyarso sedoyo ingkang satuhu bagyo mulyo

Purwakaning atur, monggo sesarengan angaturaken pujo puji lan syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT, ingkang sampun paring kanugrahan, kabegjan lan kabagaswarasan kito sedoyo katitik ing titi wanci meniko saged makempal manunggal wonten ing pahargyan wekdal puniko  kanti pinaringan widodo nir ing sambekolo.

Donga Sholawat lan salam mugio tansah kaluberaken dumateng Nabi panutan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang tansa kito ajeng-ajeng pitulunganipun wontening dinten akhir.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Tuhu linepatno ing deduko, tinebihno ing tulaksarik dene kulo cumanthoko madhep mangarso wonten ngarso panjenengan sedoyo, awrat netepi jejibahan minongko sulih saliro saking poro kadang panitia Baritan Desa Logandu, supados matur wonten ngarso panjenengan sedoyo.

Sepisan angaturaken kasugengan lan sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedoyo soho agunging panuwun dene panjenengan sampun nglonggaraken wekdal kanthi mardikaning penggalih saperlu angrawuhi acara Baritan wekdal puniko.

Kaping kalih, atur agunging panuwun ingkang tanpo pepindhan katur dhumateng sedoyo wargo masyarakat Desa Logandu ingkang sampun nyengkuyung lan paring pambiyantu wiwit saking prabeyo, iguh pratikel, lan sanes-sanesipun ingkang sedoyo meniko andadosaken acara ing wekdal puniko lumampah kanthi gangsar lancar tanpo pambeng setunggal menopo. Saking poro kadang panitia namung sagedipun ngunjukaken pandonga wonten ngarso dalem Allah SWT, ing mugio sedoyo pambiyantu panjenengan sedoyo, pikantuk piwales ingkang mathikel-thikel.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Perlu kawuningan bilih tradisi baritan ingkang kito tindaaken saksampunipun purno anggenipun panen pantun lan dipun lampahi ing dinten Rebo kliwon meniko, minongko raos syukur dhumateng Gusti ingkang Moho Mirah lan Moho Asih nenggih Allah SWT. Raos syukur lan kabingahan meniko dipun wujudaken kanthi wilujengan (kenduren) Lubaran dipun lajengaken kaliyan Baritan. Midherek pangandikanipun poro sesepuh sedoyo meniko wau mengku pitutur luhur. Kenduren slametan lubaran wujud sodakohan minongko sarananing Pandonga panyuwunan dhumateng Gusti ingkang Moho Mirah lan Moho Asih nenggih Allah SWT awit sampun pinaringan rejeki ingkang kathah wujudipun panen pantun, ugi nderek caos bekti lan ngalap berkah dhumateng Kanjeng Nabi Sualiman AS ingkang mengkoni lan mangreh sedoyo sato kewan.

Wondene baritan mawi lengger, lengger meniko mengku sasmito “elinga ngger”. Eling bilih tumitah urip ing ngalam dunyo wonten ingkang nguripaken, tumuruning rejeki wonten ingkang nurunaken, eling bilih sedoyo ingkang tumanduk lan lelampahaning menungso sedoyo meniko saking kersanipun Gusti Allah SWT.  

Pramilo kanthi meniko, piwulang lan pituturipun poro sesepuh ingkang karakit mawi luhuring budoyo baritan meniko dipun jagi sesarengan sampun ngantos tradisi baritan meniko nalisir saking angger-angger lan nalisir saking kersanipun poro leluhur rumiyin.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Sayektosipun titi laksananing tradisi baritan meniko sampun karakit rinancang sakwetawis wekdal, namung dumugi tumapaking sedyo, tartamtu taksih kathah kekirang lan kalepatanipun, pramilo kanthi meniko kulo dalah sedoyo panitia nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Kados namung mekaten ingkang kito aturaken, puput pepuntoning atur saking purwo madyo lan wasono kathah atur ingkang kirang trapsilo, kiranging subosito, tan jangkep ing toto boso, sedoyo awit saking cubluking panalar kulo, pramilo mboten wonten tembung sanes kejawi tansah nyadhong lumunturing sih samudro pangksomo.

Katur sakgunging poro pilenggah lan poro pamrikso sedoyo, katuran lenggah kanthi mardhikaning penggalih sinambi ngresepi pasugatan ingkang sampun sumadyo dumugi purnaning baritan ing wekdal meniko. Rahayu widodo nirboyo nir ing sambekolo.

Wallohul muwafiq, ila aqwamith thoriq

Wassalaamu ‘alaikum wr.wb

Nuwun… nuwun… matur nuwun….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar