Minggu, 04 Mei 2025

Contoh Pamedhar Sabdo: Panitia Ruwat Bumi


Assalamu ‘alaikum wr.wb

Bismillahirrahmanirrahiim

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin

Washolatu wasalaamu ‘ala asrofil anbiyaa-i wal mursalin

Wa ‘ala alihi washohbihi ajma’in…

Lahaula wall quwwata illa billahil ‘aliyyil ‘azhim, amma ba’du

Sagunging poro alim ulama, poro pangarsaning agami ingkang siang ratri tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minongko panuntuning kiblating panembah ingkang saktuhu pinundi lan kito ajeng-ajeng barokah pandonganipun;

Dumateng poro sesepuh, aji sepuh, pini sepuh soho kasepuhan, ingkang anggung amastuti pepoyaning kautaman ingkang tuhu saktuhu kito bekteni;

Poro pangemban pangembating projo, kasatriyaning nagari minongko pangayomaning poro kawulo dasih ingkang tuhu pantes sinudarsono;

Sagunging poro pilenggah kakung putri, wredo mudo ingkang satuhu sinubo ing pakurmatan.

Purwakaning atur, monggo sesarengan tansah muji syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT, ingkang sampun paring kanugrahan, kabegjan lan kabagaswarasan dhumateng kulo dalasan panjenengan sedoyo katitik ing titi wanci meniko saged makempal manunggal kanti pinaringan widodo nir ing sambekolo.

Sholawat salam mugio tansah kaluberaken dumateng Nabi panutan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang tansa kito ajeng-ajeng pitulunganipun wontening dinten akhir.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Tuhu linepatno ing deduko, tinebihno ing tulaksarik dene kulo cumanthoko madhep mangarso wonten ngarso panjenengan sedoyo, awrat netepi jejibahan minongko sulih saliro saking poro kadang panitia ruwat bumi Desa Logandu.

Sepisan angaturaken kasugengan lan sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedoyo soho agunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sedoyo wontenipun adicoro ruwat bumi wekdal puniko.

Kaping kalih, atur agunging panuwun ingkang tanpo pepindhan katur dhumateng sedoyo wargo masyarakat Desa Logandu ingkang sampun nyengkuyung lan paring pambiyantu wiwit saking prabeyo, iguh pratikel, lan sanes-sanesipun ingkang sedoyo meniko mahanani rancaking adioro ing wekdal puniko. Ing mugio sedoyo pambiyantu panjenengan sedoyo, pikantuk piwales ingkang mathikel-thikel saking ngarso dalem Alloh SWT.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Perlu kawuningan bilih Ruwat bumi ingkang kito tindaaken saben tahun ing dinten Rebo kliwon sasi Suro meniko, kapurwakan kalian pamboyonging tirto suci ingkang mijil saking tuk pitu wontenging kiblat sekawan kukuban Desa Logandu. Tirto suci ingkang sampun wonten ing kendhi pertolo, sesarengan wiji-wijian tetanen lan gunungan ingkang kawujud saking wulu wetu poro kadang tani kakirabaken saking Balai Desa tumuju papan pangruwatan kanthi kairingan kidung pangruwatan lan kidung kayuwanan lan dipun pungkasi umbul donga pangruwatan saking dalang ruwat.

Lumampahing kirab lan ruwat bumi meniko, kejawi minongko nguri-nguri budoyo, ugi minongko nderek dhawuh lan piwelingipun poro leluhur rumuhun, bilih midherek pangandikanipun poro sesepuh rumuhun ruwat bumi meniko minongko sarono panulaking bilahi mliginipun kagem poro kadang tani waradin dhumateng putra wayah sami.

Sagung poro pilenggah kakung soho putri ingkang bagyo mulyo.

Adicoro kirab meniko yektosipun sampun karakit rinancang sakwetawis wekdal, namung dumugi tumapaking sedyo, tartamtu taksih kathah kekirang lan kalepatanipun, pramilo kanthi meniko kulo dalah sedoyo panitia nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Kados namung mekaten ingkang kito aturaken, puput pepuntoning atur saking purwo madyo lan wasono kathah atur ingkang kirang trapsilo, kiranging subosito, tan jangkep ing toto boso, sedoyo awit saking cubluking panalar kulo, pramilo mboten wonten tembung sanes kejawi nyadhong lumunturing sih samudro pangksomo. Ngaturaken sugeng lelenggahan kanthi mardikaning penggalih.

Wallohul muwafiq, ila aqwamith thoriq

Wassalaamu ‘alaikum wr.wb

Nuwun… nuwun… matur nuwun….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar