Selasa, 09 Oktober 2018

Filosofi Kendhuren dalam Budhaya Jawa

Endahing pasrawunganing menungsa merga "kabungkus" budhaya lan bahasa.
Sedulur.....
Meh saben dina krungu sing jeneng misuh-misuh, maido, wadan winadan, cacat-cinacat ing antarane menungsa siji lan sijine. Mbuh sing secara langsung utawa via media cetak, elektrotik apamaning media sosial. 
Alesane beda-beda. 
Ana sing merga rumangsa kurang marem, rumangsa kurang seneng, kalebu rumangsa lewih pinter lan lewih bener, utawa ana uga sing merga ora kenduman jatah sing kudune pancen ora nrima.
Sakjane kuwe kabeh "hak_e dewek-dewek" ora perlu dipaido lan dikomentari.
Sedulur...
Rikala wulan Sura (Muharam) sebagian besar wong Jawa esih ngleksanaake sing jeneng Kenduren. Wujud tasyakuran ngunjukaken pandonga lan penyuwunan njur dibarengi sodakohan, utawa sedhekah. Ana pelajaran lan piwulang luhur kang kasimpen ing budhaya kendurenan hubungane karo mbangun sesrawungan kang bagus bisa andum katentremaning bebrayan.
Ayuhhh bareng-bareng sinau sesrawungan liwat budhaya KENDHUREN:
1.      Rikala ngaturi sedulur tangga teparo kon kenduren mawi tembung sing pantes lan luwes. Kaya umpamane, "nuwun sewu pak....... Sowan kulo diutus dening pak... Gegandhengan panjenenganipun saweg kagungan hajat, bapak katuran tindak wonten dalemipun saperlu kasuwun idi lan sawab pandonganipun ing mugio kersanipun saged kasembadan. "Endahing bahasa nentremake pasrawungan".
2.      Rikala wis kumpul, sing sepuh katuran lenggah ing duwur, sing enom kanthi legawa lungguh ing ngisor "ing klasa". "Endahing budhaya (unggah-ungguh) ngerti empan papan lan hormat maring kang sepuh.
3.      Rikala titi mangsa wis tumeka, kang kagungan hajat ngaturaken wigati lan hajate katerusake donga puji kapimpin "kaum/mudin". Dene liyane kanthi hikmad ngestreni njurung "AMIIIN" kang ateges atur pandonga mugio kasembadan sedyane.
"Endahing rasa, manunggal nyawiji dadi siji".
4.      Uborampe kendhuren, mulai tumpeng sak ingkunge banjur kabagi rata marang kabeh warga kendhuren. Kabeh ditampa kanthi rasa seneng, senajan nampan-e beda, tegese sing nampa gulu pitik ora protes, sing nampa ceker uga ora protes, senajan ngerti kancane nampa dada menthok utawa pupu pitik. "Endahing guyub rukun marang sepadhane".
Rikalane pamit bali, juga ora "mblonos", nanging pamitan mawi tembung, contone: "Kulo nekseni hajate, kepareng pamit wangsul" Wujud "pertanggungjawaban" merga wis diparingi "brengkesan brekat" lan merga disuwuni dadi seksi (nekseni) menggah hajate.
"Endahing budhaya lan bahasa, nuwuhaken katentremaning pasrawungan".

1 komentar: