Kamis, 05 Juni 2014

Contoh Pembawa acara bahasa jawa

Contoh MC Pengetan Maulid Nabi dan Khotmil Qur'an
Assalaamu ‘alaikum wr.wb

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin
Wabihi nasta’inu ‘ala umuriddun-ya waddin
Washolatu wassalaamu ‘ala asrofil ambiyaa-I walmursaliin
Wa’ala alihi washohbihi ajma’in
Qoola : robbis rohli shodri wayassirli amri wahlul ‘uqdatanminlisaani yafqouhu qouli
Amma ba’d

Wonten pangarsanipun poro ‘alim wal ‘ulama alladzinahum warotsatul ambiya, langkung-langkung  dhumateng panjenenganipun Bp. Kiai Agus Murtaqi ingkang kito ajeng-ajeng barokah ‘ilmu nafi’ipun
Dhumateng poro pangemban pangembating projo kasatrianing negari, mliginipun ing tlatah Logandu ingkang tuhu pantes sinudarsono
Poro sesepuh, aji sepuh dalah kasepuhan tlatah Logandu ingkang tuhu kinabekten
Sagunging poro among tamu kakung soho putri ingkang tuhu kinurmatan
hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

Langkung rumiyin monggo kito sesarengan anglahiraken puji dalah syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT, awit saking kanugrahan, kanikmatan dalah karohmatan ingkang kito tampi mahanani ing titi wanci wekdal puniko kito saged pepanggihan silaturrahim wontening majlis puniko kathi kalising sambekolo amiin.
Sholawat dalah salamipun Gusti Alloh mugi katur konjuk dhumateng baginda nabi agung Muhamad SAW ingkang kito ajeng-ajeng safa’atipun  mbenjang wontening yaumil akhir,

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina wal muslimat rohimakumulloh

Tuhu linepatno ing deduko tinebihno ing tulak sarik dene kulo cumanthoko ngadeg ngabyantoro wontening ngarso panjenengan sedoyo awit minangkani dawuhipun panitia penyelenggara supados nderekaken runtuting adicoro pengaosan pengetan Maulid Nabi Agung Muhammad SAW , Khotmil Qur’an lan Imtihan TPQ Metode Qiroati Al Istiqomah ingkang kaping kalih ing dinten puniko, Selasa Legi, 13 Robi’ul awwal 1430 Hijriyah utawi 10 Maret 2009 ing titi wanci puniko.

Saderengipun adicoro kalampahan kepareng kulo waosaken menggah runtuting adicoro ingkang Insya Alloh bade lumampah ing siang puniko :
Adicoro ingkang sepindah                           : Pambuko
Adicoro ingkang kaping kalih                      : Imtihan
Adicoro ingkang kaping tigo                        : Istirohat
Adicoro ingkang kaping sekawan   : Sambutan - sambutan
Adicoro ingkang kaping gangsal                 : waosan ayat suci al qur’an
Adicoro ingkang kaping enem                     : mau’idlotul hasanah utawi pengaosan
Adicoro ingkang kaping pitu                        : panutup do’a

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

Mekaten menggah runtuting adicoro ingkang Insya Alloh bade lumampah ing siang puniko, ngengeti wekdal ingkang sampun sakwetawis siang monggo kito wiwiti adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambuko kanthi waosan Basmallah sesarengan, monggo kito dereaken…………..

Maturnuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmallah pengaosan ing siang puniko saged lumampah kanti lancar tanpo manggih alangan satunggal punopo,   amin yaa robbal ‘alamin

Ndungkap adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko Imtihan Santriwan/santriwati TPQ Al Istiqomah ingkang bade dipun pandegani dening Al Ustadz Sarwono, dumateng panjenengannipun wekdal dalah panggenan sakcekapipun kasumanggaaken…………………

Mekaten Imtihan sampun kaleksanan mugi-mugi santri-santri ingkang nembe Imtihan puniko dadoso putro ingkang soleh lan solehah amin allohumma amiin ……….

Ndungkap adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko istirohat kanti kairingan Sholawat Rebana Nurul Hikmah, dumateng Group Rebana Nurul Hikmah sasono woro katur …
Dhumateng poro sinoman kaaturan samapto ing gati

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh
Mboten ateges ngirangi raos kamardikan panjenengan awit wekdal sampun sawetawis siang adicoro istirohat kito cekapi, dumateng poro tamu ingkang sampun nampi pasugatan katuran ngresepi kanti mardikaning penggalih.

Ndungkap adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko sambutan-sambutan :
Ingkang ongko sepindah atur pambagyo harjo saking panitia penyelenggara ingkang bade kasaliro dening panjenenganipun Bp. Ustadz Abdul Ghofur, dumateng panjenenganipun sasono woro katur …….

Matur nuwun dumateng Bp. Ustadz Abdul Ghofur ingkang sampun paring pangandikan minongko sesulih saking panitia penyelenggara.

Sambutan ingkang kaping kalih inggih puniko atur pangandiko saking Kepala Desa Logandu dumateng panjenenganipun Bp. Sarlan sasono woro katur …….

Matur nuwun dumateng Bp. Sarlan ingkang sampun paring pangandikan, ……

Sambutan ingkang kaping tigo saking wali santri  TPQ Al Istiqomah ingkang bade kasaliro dening panjenenganipun Bp………………………, dumateng panjenenganipun sasono woro katur …….

Matur nuwun dumateng Bp. ……………. ingkang sampun paring pangandikan, ….

Ndungkap adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko waosan ayat suci al qur’an ingkang bade kasaliro dening panjenenganipun Ustadz Baihaqi dene saritilawah dening Tutur Mei Purwanti  , dumateng panjenenganipun sasono woro katur …….

Matur nuwun dumateng Ustadz Baihaqi dalah Tutur Mei P, mugi-mugi waosan ayat suci al qur’an puniko mbarokahi dumateng ingkang mos sumrambah dumateng kito sedoyo lan saged nambahi iman soho taqwa kito dhumateng Alloh SWT, amin yaa robbal ‘alamin

Ndungkap adicoro ingkang kaping enem inggih puniko mau’idlotul hasanah utawi pengaosan hikmah Maulid  NABI AGUNG MUHAMMAD SAW lan khotmil Qur’an ingkang bade kawedar sabdo dening panjenenganipun Bp. Kiai Agus Murtaqi saking  Kebumen,dalah ing mangke kasuwun barokah do’anipun kangge mungkasi adicoro ing siang puniko.
Namung saderengipun adicoro pengaosan kaleksanan kulo ingkang kapurih nderekaken runtuting adicoro ing siang puniko estu kathah atur ingkang kirang trapsilo, kirang nuju prono menggah penggalih panjenengan sedoyo, mboten namung kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Dhumateng panjenenganipun Bp. Kiai Agus Murtaqi sasono woro katur …….

Saking kulo, kulo akhiri billahit taufiq walhidayah wassalamu ‘alaikum wr.wb

3 komentar: