Contoh MC Pengetan Maulid Nabi dan Khotmil Qur'an
Assalaamu ‘alaikum wr.wb
Alhamdulillahirobbil
‘alamiin
Wabihi
nasta’inu ‘ala umuriddun-ya waddin
Washolatu
wassalaamu ‘ala asrofil ambiyaa-I walmursaliin
Wa’ala
alihi washohbihi ajma’in
Qoola
: robbis rohli shodri wayassirli amri wahlul ‘uqdatanminlisaani yafqouhu qouli
Amma
ba’d
Wonten
pangarsanipun poro ‘alim wal ‘ulama alladzinahum warotsatul ambiya,
langkung-langkung dhumateng
panjenenganipun Bp. Kiai Agus Murtaqi ingkang kito ajeng-ajeng barokah ‘ilmu
nafi’ipun
Dhumateng
poro pangemban pangembating projo kasatrianing negari, mliginipun ing tlatah
Logandu ingkang tuhu pantes sinudarsono
Poro
sesepuh, aji sepuh dalah kasepuhan tlatah Logandu ingkang tuhu kinabekten
Sagunging
poro among tamu kakung soho putri ingkang tuhu kinurmatan
hadlirina
walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh
Langkung
rumiyin monggo kito sesarengan anglahiraken puji dalah syukur wonten ngarso
dalem Alloh SWT, awit saking kanugrahan, kanikmatan dalah karohmatan ingkang kito
tampi mahanani ing titi wanci wekdal puniko kito saged pepanggihan silaturrahim
wontening majlis puniko kathi kalising sambekolo amiin.
Sholawat
dalah salamipun Gusti Alloh mugi katur konjuk dhumateng baginda nabi agung
Muhamad SAW ingkang kito ajeng-ajeng safa’atipun mbenjang wontening yaumil akhir,
Hadlirina
walhadlirot kaum muslimina wal muslimat rohimakumulloh
Tuhu
linepatno ing deduko tinebihno ing tulak sarik dene kulo cumanthoko ngadeg
ngabyantoro wontening ngarso panjenengan sedoyo awit minangkani dawuhipun
panitia penyelenggara supados nderekaken runtuting adicoro pengaosan pengetan
Maulid Nabi Agung Muhammad SAW , Khotmil Qur’an lan Imtihan TPQ Metode Qiroati
Al Istiqomah ingkang kaping kalih ing dinten puniko, Selasa Legi, 13 Robi’ul
awwal 1430 Hijriyah utawi 10 Maret 2009 ing titi wanci puniko.
Saderengipun
adicoro kalampahan kepareng kulo waosaken menggah runtuting adicoro ingkang
Insya Alloh bade lumampah ing siang puniko :
Adicoro ingkang
sepindah : Pambuko
Adicoro ingkang
kaping kalih : Imtihan
Adicoro ingkang
kaping tigo : Istirohat
Adicoro ingkang
kaping sekawan : Sambutan - sambutan
Adicoro ingkang
kaping gangsal : waosan ayat suci al qur’an
Adicoro ingkang
kaping enem : mau’idlotul hasanah utawi
pengaosan
Adicoro ingkang
kaping pitu : panutup do’a
Hadlirina
walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh
Mekaten menggah
runtuting adicoro ingkang Insya Alloh bade lumampah ing siang puniko, ngengeti
wekdal ingkang sampun sakwetawis siang monggo kito wiwiti adicoro ingkang
sepindah inggih puniko pambuko kanthi waosan Basmallah sesarengan, monggo kito
dereaken…………..
Maturnuwun,
mugi-mugi kanthi waosan basmallah pengaosan ing siang puniko saged lumampah
kanti lancar tanpo manggih alangan satunggal punopo, amin yaa robbal ‘alamin
Ndungkap adicoro
ingkang kaping kalih inggih puniko Imtihan Santriwan/santriwati TPQ Al
Istiqomah ingkang bade dipun pandegani dening Al Ustadz Sarwono, dumateng
panjenengannipun wekdal dalah panggenan sakcekapipun kasumanggaaken…………………
Mekaten Imtihan
sampun kaleksanan mugi-mugi santri-santri ingkang nembe Imtihan puniko dadoso
putro ingkang soleh lan solehah amin allohumma amiin ……….
Ndungkap adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko
istirohat kanti kairingan Sholawat Rebana Nurul Hikmah, dumateng Group Rebana
Nurul Hikmah sasono woro katur …
Dhumateng poro
sinoman kaaturan samapto ing gati
Hadlirina
walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh
Mboten ateges
ngirangi raos kamardikan panjenengan awit wekdal sampun sawetawis siang adicoro
istirohat kito cekapi, dumateng poro tamu ingkang sampun nampi pasugatan
katuran ngresepi kanti mardikaning penggalih.
Ndungkap adicoro
ingkang kaping sekawan inggih puniko sambutan-sambutan :
Ingkang
ongko sepindah atur pambagyo harjo saking panitia penyelenggara ingkang bade
kasaliro dening panjenenganipun Bp. Ustadz Abdul Ghofur, dumateng
panjenenganipun sasono woro katur …….
Matur
nuwun dumateng Bp. Ustadz Abdul Ghofur ingkang sampun paring pangandikan
minongko sesulih saking panitia penyelenggara.
Sambutan
ingkang kaping kalih inggih puniko atur pangandiko saking Kepala Desa Logandu
dumateng panjenenganipun Bp. Sarlan sasono woro katur …….
Matur
nuwun dumateng Bp. Sarlan ingkang sampun paring pangandikan, ……
Sambutan
ingkang kaping tigo saking wali santri
TPQ Al Istiqomah ingkang bade kasaliro dening panjenenganipun Bp………………………,
dumateng panjenenganipun sasono woro katur …….
Matur
nuwun dumateng Bp. ……………. ingkang sampun paring pangandikan, ….
Ndungkap adicoro
ingkang kaping gangsal inggih puniko waosan ayat suci al qur’an ingkang bade
kasaliro dening panjenenganipun Ustadz Baihaqi dene saritilawah dening Tutur
Mei Purwanti , dumateng panjenenganipun
sasono woro katur …….
Matur nuwun
dumateng Ustadz Baihaqi dalah Tutur Mei P, mugi-mugi waosan ayat suci al qur’an
puniko mbarokahi dumateng ingkang mos sumrambah dumateng kito sedoyo lan saged
nambahi iman soho taqwa kito dhumateng Alloh SWT, amin yaa robbal ‘alamin
Ndungkap adicoro
ingkang kaping enem inggih puniko mau’idlotul hasanah utawi pengaosan hikmah Maulid
NABI AGUNG MUHAMMAD SAW lan khotmil
Qur’an ingkang bade kawedar sabdo dening panjenenganipun Bp. Kiai Agus Murtaqi
saking Kebumen,dalah ing mangke kasuwun
barokah do’anipun kangge mungkasi adicoro ing siang puniko.
Namung
saderengipun adicoro pengaosan kaleksanan kulo ingkang kapurih nderekaken
runtuting adicoro ing siang puniko estu kathah atur ingkang kirang trapsilo,
kirang nuju prono menggah penggalih panjenengan sedoyo, mboten namung kulo
nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.
Dhumateng
panjenenganipun Bp. Kiai Agus Murtaqi sasono woro katur …….
Saking kulo, kulo
akhiri billahit taufiq walhidayah wassalamu ‘alaikum wr.wb
mantab sangat bagus....
BalasHapusJual Senapan Angin Murah dan Berkwalitas
👍👍
BalasHapusTerima kasih
BalasHapusIni bagus sekali