Kamis, 05 Juni 2014

Contoh MC Kultum Romadlon


Assalaamu ‘alaikum wr.wb
Alhamdulillahirobbil ‘alamiin
Wabihi nasta’inu ‘ala umuriddun-ya waddin
Washolatu wassalaamu ‘ala asrofil ambiyaa-I walmursaliin
Wa’ala alihi washohbihi ajma’in
Qoola : robbis rohli shodri wayassirli amri wahlul ‘uqdatanminlisaani yafqouhu qouli
Amma ba’d

Dhumateng poro ‘alim wal ‘ulama alladzinahum warotsatul ambiya, ingkang kito ajeng-ajeng barokah ‘ilmu nafi’ipun
Dhumateng Poro sesepuh, aji sepuh dalah kasepuhan tlatah Logandu, poro ustadz wal ustadzah Masjid Al Istiqomah ingkang tuhu kinurmatan
hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

Langkung rumiyin monggo kito sesarengan anglahiraken puji dalah syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT, awit saking kanugrahan, kanikmatan dalah karohmatan ingkang kito tampi sahenggo ing titi wanci wekdal puniko kito saged pepanggihan silaturrahim wontening majlis puniko kathi kalising sambekolo amiin.
Sholawat dalah salamipun Gusti Alloh mugi katur konjuk dhumateng baginda nabi agung Muhamad SAW ingkang kito ajeng-ajeng safa’atipun  mbenjang wontening yaumil akhir,

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina wal muslimat rohimakumulloh

Tuhu linepatno ing deduko tinebihno ing tulak sarik dene kulo cumanthoko, matur wontening ngarso panjenengan sedoyo, awit minongko pranoto adicoro wontening Kuliah shubuh enjang puniko.

Saderengipun adicoro kalampahan kepareng kulo waosaken menggah runtuting adicoro ingkang Insya Alloh bade lumampah ing enjang puniko :
Adicoro ingkang sepindah               : Pambuko
Adicoro ingkang kaping kalih          : Pengaosan
Adicoro ingkang kaping tigo            : Penutup

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

Mekaten menggah runtuting adicoro ingkang Insya Alloh bade lumampah ing enjang puniko, ngengeti wekdal,,, monggo kito wiwiti adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambuko kanthi waosan Basmallah sesarengan, monggo kito derek aken…………..

Maturnuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmallah pengaosan ing enjang puniko saged lumampah kanti lancar tanpo manggih alangan satunggal punopo,   amin yaa robbal ‘alamin

Ndungkap adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko pengaosan kalajengaken panutup doa ingkang badhe kawedar sabdo aken dening Al Ustadz ……………………………… namung sak derengipun kaleksanan bilih anggen kulo nderekaken runtuting adicara saking purwo, madyo dalah wasono katah atur ingkang kirang trapsilo, kulo nyuwun agunging pangaksomo… dumateng panjenengannipun Al Ustadz ……………………… wekdal dalah panggenan sakcekapipun kasumanggaaken…………………

Saking kulo, kulo akhiri billahit taufiq walhidayah wassalamu ‘alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar