Kamis, 05 Juni 2014

Contoh Pranata adicara (MC) bahasa jawa


Contoh Pranata acara Pengetan Isro' Mi'roj
Assalaamu ‘alaikum wr.wb
Alhamdulillahirobbil ‘alamiin
Wabihi nasta’inu ‘ala umuriddun-ya waddin
Washolatu wassalaamu ‘ala asrofil ambiyaa-I walmursaliin
Wa’ala alihi washohbihi ajma’in
Qoola : robbis rohli shodri wayassirli amri wahlul ‘uqdatanminlisaani yafqouhu qouli
Amma ba’d

-          Wonten pangarsanipun poro ‘alim wal ‘ulama alladzinahum warotsatul ambiya, langkung-langkung  dhumateng panjenenganipun Simbah KH. Amin Rosyid  ingkang kito ajeng-ajeng barokah ‘ilmu nafi’ipun
-          Dhumateng poro pangemban pangembating projo kasatrianing negari, mliginipun ing tlatah Logandu ingkang tuhu pantes sinudarsono
-          Poro sesepuh, aji sepuh dalah kasepuhan tlatah Logandu ingkang tuhu kinabekten
-          Sagunging poro among tamu kakung soho putri ingkang tuhu kinurmatan
-          hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

-          Langkung rumiyin monggo kito sesarengan anglahiraken puji dalah syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT, awit saking kanugrahan, kanikmatan dalah karohmatan ingkang kito tampi mahanani ing titi wanci wekdal puniko kito saged pepanggihan silaturrahim wontening majlis puniko kathi kalising sambekolo amiin.
-          Sholawat dalah salamipun Gusti Alloh mugi katur konjuk dhumateng baginda nabi agung Muhamad SAW ingkang kito ajeng-ajeng safa’atipun  mbenjang wontening yaumil akhir,

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

Tuhu linepatno ing deduko tinebihno ing tulak sarik dene kulo cumanthoko ngadeg ngabyantoro wontening ngarso panjenengan sedoyo awit minangkani dawuhipun panitia penyelenggara supados nderekaken runtuting adicoro pengaosan pengetan ISRO’ WAL MI’ROJ Nabi Agung Muhammad SAW ing dinten puniko, Ahad 18 Rojab 1435 Hijriyah utawi 18 Mei 2014 ing titi wanci puniko.
Saderengipun adicoro kalampahan kepareng kulo waosaken menggah runtuting adicoro ingkang Insya Alloh bade lumampah ing siang puniko :

Adicoro ingkang sepindah                    : Pambuko
Adicoro ingkang kaping kalih               : atur pambagyoharjo
Adicoro ingkang kaping tigo                 : Istirohat
Adicoro ingkang kaping sekawan       : Tanggap wacono Kepala Desa Logandu
Adicoro ingkang kaping gangsal         : Gema wahyu illahi
Adicoro ingkang kaping enem              : Mau’idlotul hasanah utawi pengaosan
Adicoro ingkang pungkasan                 : Panutup do’a

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

Mekaten menggah runtuting adicoro ingkang Insya Alloh bade lumampah ing siang puniko, ngengeti wekdal ingkang sampun sakwetawis siang monggo kito wiwiti adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambuko ingkang dipun imami dening  Bp. Kiai Umar Shidiq dumateng panjenenganipun sasono woro katur.

Maturnuwun, mugi-mugi kanthi waosan suratul Fatihah pengaosan ing siang puniko saged lumampah kanti lancar tanpo manggih alangan satunggal punopo,   amin yaa robbal ‘alamin

Ndungkap adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko atur pambagyo harjo saking panitia penyelenggara ingkang bade kasaliro dening panjenenganipun Bp. Mamun, dumateng panjenenganipun sasono woro katur …….
Matur nuwun dumateng Bp Mamun ingkang sampun paring pangandikan minongko sesulih saking panitia penyelenggara.

Ndungkap adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko istirohat kanti kairingan Sholawat Rebana Nurul Hikmah, dumateng Group Rebana Nurul Hikmah wekdal kasumanggaken,
Dhumateng poro sinoman kaaturan samapto ing gati

Hadlirina walhadlirot kaum muslimina walmuslimat rohimakumulloh

Mboten ateges ngirangi raos kamardikan panjenengan awit wekdal sampun sawetawis siang adicoro istirohat kito cekapi, dumateng poro tamu ingkang sampun nampi pasugatan katuran ngresepi kanti mardikaning penggalih.

Ndungkap adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko atur pangandiko saking Kepala Desa Logandu dumateng panjenenganipun Bp. Sarlan sasono woro katur …….
Matur nuwun dumateng Bp.Sarlan ingkang sampun paring pangandikan,

Ndungkap adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko waosan ayat suci al qur’an katerasaken kaliyan waosan Shlawat Nabi, ingkang bade kasaliro dening panjenenganipun Ustadz Khozin Al Mubarok, dumateng panjenenganipun sasono woro katur …….

Matur nuwun dumateng Ustadz Khozin Al Mubarok, mugi-mugi waosan ayat suci al qur’an puniko saged nambahi iman soho taqwa kito dhumateng Alloh SWT, amin yaa robbal ‘alamin

Ndungkap adicoro ingkang kaping pitu inggih puniko mau’idlotul hasanah utawi pengaosan hikmah ISRO’ WALMI’ROJ NABI AGUNG MUHAMMAD SAW ingkang bade kawedar sabdo dening panjenenganipun Simbah KH. Amin Rosyid Pengasuh Pondok Pesantren Al Istiqomah Petanahan,dalah ing mangke kasuwun barokah do’anipun kangge mungkasi adicoro ing siang puniko.
Namung saderengipun adicoro pengaosan kaleksanan kulo ingkang kapurih nderekaken runtuting adicoro ing siang puniko estu kathah atur ingkang kirang trapsilo, kirang nuju prono menggah penggalih panjenengan sedoyo, mboten namung kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Dhumateng panjenenganipun Simbah KH.  Amin Rosyid sasono woro katur …….

Saking kulo, kulo akhiri billahit taufiq walhidayah wassalamu ‘alaikum wr.wb



Tidak ada komentar:

Posting Komentar