Minggu, 23 Oktober 2022

PRANATA ACARA (MC) PELEPASAN SISWA

 Assalamu’alaikum Warahmatullaahi wabaraakaatuh

 

Bismillah/ alhamdulillaah / washolatu wasalamu ‘ala rasulillaah/ sayyidina muhammadibni ‘abdillah/ wa laa haula wala quwwata illah billah, amma ba’dah.

 

Wonten pangarsanipun poro ‘alim ulama, poro Kiai ingkang tansah kito ta’dzimi langkung-langkung dhumateng almukarom Bp Kiai …… ingkang kito ajeng-ajeng barokah donga lan ilmu nafi’ipun //

Dhumateng poro pangemban pangembating projo / kasatrianing nagari, linangkung Ibu Kepala Desa Clapar / sak pamong prajanipun ingkang tuhu pantes sinudarsono //

Dhumateng poro tamu undangan (Bapak/Ibu Kepala Sekolah) ingkang tuhu kinurmatan //

Dhumateng Ketua Yayasan Kepadangan Clapar sak anggotanipun ingkang kulo hormati //

Dhumateng Ketua Komite MTs Kepadangan sak anggotanipun ingkang kulo hormati //

Dhumateng Bapak Kepala Madrasah dalah sedoyo dewan guru lan karyawan MTs Kepadangan kulo hormati //

Dhumateng Bapak/Ibu wali siswa kelas 9 ingkang tuhu kinurmatan//

Sagunging poro pilenggah kakung soho putri dalah konco-konco siswa-siswi MTs Kepadangan rohimakumulloh////

 

Purwakaning atur/ monggo sesarengan/ ngaturaken raos syukur dhumateng Allah SWT/ ingkang sampun paring kanugrahan/ hidayah/ lan inayahipun// Katitik/ing titiwanci meniko/ kita saged makempal/ wonten Madrasah punika/ kanthi mboten wonten alangan saktunggal menapa.

 

Shalawat lan salam/ tansah katur kagem Rasul junjungan kita/ Nabi Agung Muhammad SAW/ ingkang cahyanipun kados surya wekdal siang/ lan kados rembulan ing wayah dalu/ mugia kita sedoyo/ tansah pikantuk Syafaatipun Nabi saking dunya dumugi mbenjang wonten Yaumul Qiyamah/ Alloohummaa Aaamiiin

 

Para hadirin poro tamu / ingkang bagya Mulya

 

Tuhu linepatno ing deduko/ tinebihna ing tulak sarik/ dene kulo cumanthoko ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyo/ mboten namung netepi dawuh  / minangka / juru wicara utawi pranata adicara / ingkang saperlu / badhe ngaturaken susunan acara / ing wedal siang menika. 

 

1.     Ingkang sepindah / inggih menika Pambuka;

2.     Ingkang angka kalih / nglantunaken Lagu Indonesia Raya;

3.     Ingkang kaping  tiga / inggih menika / waosan ayat suci al-qur'an;

4.        Ingkang kaping sekawan / inggih menika / atur pambagyo harjo saking Panitia penyelenggara pelepasan siswa kelas 9 ………………….

5.        acara  ingkang kaping gangsal / inggih menika / atur pangandikan (pengumuman kelulusan lan atur pasrah saking Kepala Madrasah ………………………………………

6.        acara  ingkang kaping enem atur panampi saking perwakilan wali siswa kelas 9

7.        Acara kaping pitu / inggih menika/ saklimah atur / saking perwakilan kelas 8 / 7

8.        acara  ingkang kaping wolu / saklimah atur pepisahan perwakilan / saking kelas 9

9.        Acara kaping sanga atur pangandikan/ atur pangayobagyo / saking Kepala Desa Clapar

10.     Acara ingkang kaping sedoso mau’idlotul hasanah saking Pengawas Madrasah Kantor Kementerian Agama Kabupaten Kebumen

11.     Minangka acara ingkang pungkasan/ inggih peniko/ Panutup kalajengaken Do’a

 

Para hadirin / / ingkang kula hormati

 

Mekaten kala wau / menggah runtuting adicara ing wedal siang menika,/ lan / minangka acara ingkang ongko sepindah/ inggih menika / pambuka / kanthi waosan umul kitab / ingkang badhe dipun imami dening / Bapak Lasmin, S.Pd, / sumonggo


## Matur nuwun,/ mugi-mugi / kanthi waosan surat al fatihah kala wau/ saget andadosaken / lancaring adicara/ ing wedal siang menika.//

 

Acara kaping kalih / inggih menika nembangaken Lagu Indonesia Raya / dhumateng sedoyo poro rawuh katuran jumeneng/ hadirin katuran lenggah.

 

Ingkang kaping  tiga / inggih menika / waosan ayat suci al-qur'an, ingkang badhe kawaosaken dening …….., dumateng panjenenganipun kasumanggaaken/

Mekaten kala wau / kumandange ayat suci al-qur'an / mugio saget nambah iman lan taqwa kita /dumateng Allah, / aamiin

 

Ingkang kaping sekawan / inggih menika / atur pambagyo harjo saking Panitia penyelenggara pelepasan siswa kelas 9 / ingkang badhe kaaturan dening Bp. …..…………………./ dhumateng panjenenganipun sasono woro kasumanggaken..

 

## mekaten atur pangandikan saking ……………………………….. dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun…..

 

acara  ingkang kaping gangsal / inggih menika / atur pangandikan (pengumuman kelulusan lan atur pasrah saking Kepala Madrasah.

dhumateng panjenenganipun Bp. Mardiadi, S.Pd.I sasono woro kasumanggaken.

 

## mekaten atur pangandikan saking ……………………………….. dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun…..

 

acara  ingkang kaping enem inggih meniko atur panampi/ sesulih saking wali siswa kelas 9/ ingkang badhe kawedar sabdo dening panjenenganipun Bp. ……………………………/ dhumateng panjenenganipun sasono woro kasumanggaken.

 

## mekaten atur pangandikan saking ……………………………….. dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun…..

 

Acara kaping pitu / inggih menika/ saklimah atur/ saking sesulih kelas 8 / 7, ingkang bade kaaturaken dening ………………………. / dhumateng panjenenganipun sasono woro kasumanggaken.

 

## mekaten atur pangandikan saking ……………………………….. dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun…..

 

acara  ingkang kaping wolu / saklimah atur pepisahan / sesulih saking  saking kelas 9, ingkang bade kaaturaken dening ………………………. / dhumateng panjenenganipun sasono woro kasumanggaken.

 

## mekaten atur pangandikan saking ……………………………….. dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun…..

 

Acara kaping sanga atur pangandikan/ atur pangayobagyo / saking Kepala Desa Clapar, , ingkang bade kawedhar sabdoaken dening ………………………. / dhumateng panjenenganipun sasono woro kasumanggaken.

 

## mekaten atur pangandikan saking ……………………………….. dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun…..

 

Acara ingkang kaping sedoso inggih meniko mau’idlotul hasanah , katerasaken adicoro panutup do’a/ ingkang bade kawedhar sabdoaken dening  dening ………………………. / saking Pengawas Madrasah Kantor Kementerian Agama Kabupaten Kebumen .

Namung sakderengipun adicoro kaleksanan, kulo ingkang kajibah minongko pranata adicoro mbok bilih anggenipun nderekaken runtuting adicoro/ saking purwo/ madyo lan wasana / kathah atur ingkang kirang trapsilo/ kirang jangkeping tatakrama// mboten namung kulo nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama.

Puput pepuntoning atur/kito pungkasi

 

Wabillahi taufiq wal hidayah, waridlo wal inayah

Wassalamu 'alaikum wr. wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar