Esuk umun-umun...101018
Rikala liyane esih njingkrung kemulan sarung,
wis gumregah jumangkah menyang sawah.
Hawa adem lan pedhuting kabut ora ndadeake ati ciut,
kelingan sedulur kang neng sawah wis ngawe-awe
njaluk dikudang.
Arepa
wong liya nganggep nistha,
Arepa wong liya nudhuh rekasa,
Arepa wong liya nyawang separo mata,
Mbok menawa merga iri lan rumangsa.
Arepa wong liya nudhuh rekasa,
Arepa wong liya nyawang separo mata,
Mbok menawa merga iri lan rumangsa.
Sedulurku iki pengaji,
Sedulurku iki akeh kang nggoleti,
Sedulurku iki melu nyumbang marang negri,
Sedulurku iki melu gawe seneng marang sesami.
Sedulurku iki akeh kang nggoleti,
Sedulurku iki melu nyumbang marang negri,
Sedulurku iki melu gawe seneng marang sesami.
Sliramu aja munafik,
Sliramu aja sirik,
Sliramu aja dodolan milik...
Sliramu aja sirik,
Sliramu aja dodolan milik...
Njur nudhuh sedulurku kanthi tembung kang nglarani
ati,
Nudhuh andum memala lan bakteri,
Nudhuh nyebar pepati..
Nudhuh andum memala lan bakteri,
Nudhuh nyebar pepati..
Nanging ngertiaaa!!!
Kanggoku sedulur andum rejeki,
Sedulurku melu ngangkat ekonomi...
Walangsemirang, 101018
Kanggoku sedulur andum rejeki,
Sedulurku melu ngangkat ekonomi...
Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.
BalasHapus