Sabtu, 16 Februari 2013

CERITA RAKYAT KEBUMEN

LEGENDA DESA CLAPAR KARANGGAYAM
PANEMBAHAN KEPADHANGAN (UNTUNG SURAPATI)


Untung Surapati miyos ing Mataram nalika dinten Jum’at legi sasi Sura tahun 1661 masehi, kanthi asma timure R.M. Sudarmaji putra saking Sunan Amangkurat Mas ing Mataram, cucu Sultan Agung Hanyokrokusuma.
Nalika R.M. Sudarmaji taksih wonten ing guwa garbanipun ibu, kanggo jangga keslametane, Ibunipun dipun singidaken wonten ing papan dunungipun Pangeran Kajoran. Ing wekdal semanten garwanipun Pangeran Kajoran ugi nembe ngandhut, lan boten kanyana manawi miyosipun ugi nyarengi, pramila tuwuh ing panggalih supados nglintu jabang bayi ingkang katemben lahir punika kaliyan putranipun Sunan Amangkurat ugi ingkang katemben lahir.

Ing sawatara dina, Pengeran Kajoran karawuhan Raja Buleleng saking Bali kang nduweni sedya ngasuh putranipun minangka putra angkatipun. Dados mboten mokal manawa putra ingkang dipun asuh Raja Buleleng punika sanes putranipun Pangeran Kajoran, nanging sejatosipun R.M. Sudarmaji putra saking Sunan Amangkurat Mas ing Mataram.
Wonten ing Bali, R.M. Sudarmaji dipun gantos nami Untung. sakterasipun diparingi ngelmu kanuragan, apa dene olah batin lan kapribaden liyane.

Sesampunipun dewasa, Untung nduweni cita- cita kanggo ngangsu kawruh ing tanah jawa. kang mangkono iku ndadekake Raja Buleleng pasrah lan kudu ngrestoni kang dadi kekarepane, sanajan kathi ati kang abot kudu pepisahan kalawan putranipun.
Kanggo tekan ing tanah jawa panjenenganipun kedah nyebrang nggunakaken prahu. Mula ana crita, nganti tekan kang dadi lakune kondur ing tanah jawa. Kawiwitan prahu kang ditumpaki mau katrejang angin kang banget gedhe nganti panjenengane kagawa ombake banyu segara nganti kandeg ing pesisir Banyuwangi.
Ing Banyuwangi Untung ditulungi dening sawijining nelayan, lan ing wektu iku uga ana bangsawan Walanda kang aran Kapten Moor kang kasengsem dhateng praupane, sakterasipun kepengen nduweni panjenenganipun, lan supaya kersa ndherek dhateng Batavia.
Ing Batavia panjenengane dipun dadosaken pambantu dening Kapten Moor. Kawiwitan saka gantine dina majune wektu lan tambahing kaprigelan uga praupane kang banget nengsemake, nganti narik kawigatene kang putra, yaiku kang aran Susana, saka rasa asih iku mau njalari panjenengane dipun angkat minangka punggawa prajurit Kompeni.

Nalika panjenengane dados prajurit Kompeni, kanthi sarana sesingitan kersa sabiyantu mbelani pribumi kanggo numpes Walanda, ngantos ing tembenipun Kapten Moor nyumerepi tumindakipun, sesampunipun nampi palapuran saking prajurit sanes, ing wusana panjenengane dipun dhawuhi ngadhep lan dicabut kalungguhane minangka prajurit, sateruse dijeblosake ing pakunjaran.
Sajroning pakunjaran panjenengane kersa sesrawungan, lan kathah tetepungan saka pirang- pirang daerah, antarane : saka Bugis, Madura, Betawi, Bali, lan Nagari Cina. Nanging kang banget rumaket dadi memitran yaiku kang sinebut Tan Boen Saka Cina, lan Jalandria saka Bali kang tembene dadi abdi kapercayan.
Saka gedhening kapercayan lan tekad iku mau panjenengane bisa uwal ninggalake pakunjaran bebarengan tawanan liyane, lan ing kana bisa nyawiji kanggo nerusake perjuangan, kadosta ing Cirebon, Pekalongan, Banyumas, Dieng, lan pungkasan ing Surakarta.

Prastawa tumpese Kapten Tack dening prajurit Untung ing Surakarta, ing kana njalari Kompeni tansah gething lan ngupadi ana ing ngendi papan dununge kang dadi panggonane Untung.
Mundhi dhawuh pangandikanipun bapak, Untung supados enggal-enggal tindak dhateng Cirebon, ingkang saperlu kanggo nyuwun pangayoman dhateng Sunan Cirebon, awit kewatos bilih badhe wonten pangamuking Kompeni. Sesampunipun wonten ing Cirebon, Kanjeng Sunan Cirebon ugi paring pituduh marang Untung, supaya nyuwun pangayoman ana ing padhepokan Sunan Gunung Jati, ingkang dipun pimpin dening putranipun, kang aran Pangeran Suropati. nanging satekane ana ing pedhepokan Sunan Gunung Jati, pangeran Suropati ora bisa nampa Untung kanthi seneng, ing semu benten pamanggih ingkang nuwuhaken pancakara, Pangeran Suropati kaseser ing akhire nganti tumekaning pati.
Prastawa punika dipun aturaken dhumateng Sunan Cirebon. Sunan Cirebon paring dhawuh supados asma Suropati bisa manjing nyawiji kanggo njangkepi asma Untung, kang mengkone dadi sebutan Untung Surapati.

Sakondure ing Surakarta, Untung Surapati dipun utus supados nglurug wonten ing Pasuruhan numpes pamberontak pimpinan Adipati Cakraningrat, lan Untung Surapati bisa kasil numpes pamberontak Pasuruhan kanthi sedane Adipati Cakraningrat. Ing tahun 1701 panjenenganipun winisuda minangka ngaluhur ing Pasuruhan nggentosi Adipati Cakraningrat kanthi gelar Adipati Aria Wiranegara.
Ing tahun 1705 Pasuruhan dipungempur dening Walanda, kang njalari Untung Surapati kudu ninggalake Pasuruhan, nanging sadurunge ninggalake Pasuruhan panjenengane nemahaken wujud kaya dene salirane saka sawijining wujud kang sinamun kanthi kaluhurane ing pangajab Kompeni Walanda bisa ngerteni Untung Surapati mau ( dadian ) kaya dene wujud kang sanyatane.

Sakterasipun Untung Surapati aweh ngerti marang Boen lan Jalandria supaya nderekake lakune njujug menyang Surakarta. kamangka ing Surakarta uga wis dijaga dening Kompeni Walanda, pramila panjenengane banjur nerusake laku ngulon prapase, kang diliwati yaiku Jogja, Purworejo, Kebumen, lan akhire nganti tekan ing desa Pawinihan.

Panjenengane kapanggih kalawan lurah, ingkang nami Wanaita. Lurah Wanaita saged nampi rawuhipun kanthi panyuwunan manawa panjenengane bisa ngilangaken pageblug mayangkara ing desa Pawinihan.
Sasampunipun Untung Surapati nyanggupi lan kasunyatan wis bisa ngluari kang dadi reridhuning desa Pawinihan, para putra- putranipun sami sowan, ing pangajab sapa kang tekane luwih disik iku bakal dianggep putra kang luwih sepuh, saka putra- putranipun ingkang sami sowan antawisipun kawiwitan Somadiwangsa, kasusul Adisana, mertadiwangsa, Nayadiwangsa, lan ingkang pungkasan Mas Kumambang Kali Wuluh Banjarnegara, dipun sebutaken ugi bilih panjenengane ingkang nurunaken bupati- bupati ing jaman rumiyin.

Sinaosa sampun mesanggrah wonten ing desa Pawinihan, nanging kawontenanipun tansah dimangerteni dening Kompeni Walanda, katitik Walanda lan utusanipun saged dumugi ing padepokan Untung Surapati.
Untung Surapati tanggap ing sasmita, pramila daya-daya sigra cancut ngrasuk ageman tetanen, mbudidaya murih bisa uwal saka Kompeni Walanda, kanthi ngelmunipun, saking karsaning Gusti Allah ingkang Maha Kuasa Untung Surapati nuli ngandika dhateng Walanda “Manawa kabeh warga desa Pawinihan punika tiyang ingkang olah tetanen (sinambi nudhuhake sakiwa tengene umah lan adohing panyawang) sanalika kang sinawang kaya- kaya dadi tanduran pari, ingkang sanyatane amung suket alang- alang, ing wusana
Walanda ninggalake papan kasebut tanpa nggawa kasil.

Karana suket alang-alang kang sinawang kaya dene pari mau among sakeclapan, utawa sakeclapan katon pari, mangka kanggo pangeling- eling, desa Pawinihan sinebut DESA CLAPAR saka tembung sake CLAP an katon PAR i.
Kanggo nyingitake Jatidirine dhateng Kompeni Walanda panjenengane ngawontenaken pamulangan awujud padhepokan minangka sarana pangajian lan wirid utawi medhar ngelmu sarta wejangan, petuah, solusi (pepadhang), pramila ing masyarakat katelah Mbah Kepadhangan.

Panjenengane wafat nalika yuswa 110 tahun (tahun 1661-1771), pasareyanipun lajeng dipun keramataken dening putra wayahipun lan dipun sebat kanthi asma Mbah Kepadhangan.
Ing wekdal sapunika pasarehanipun kangge sarana ziarah leluhur, awit Mbah Kepadhangan Untung Surapati kalebet salah satunggaling syuhada, lan ugi kangge ngluhurake asmanipun sapunika dipun wujudaken wontenipun Yayasan Pendidikan Kesejahteraan Masyarakat (YPKM) MTs Kepadhangan Clapar.

Sumber: BAPAK SUPARJO
Alamat : Dukuh Sudikampir Rt 07 Rw 01 Desa Clapar
Kecamatan Karanggayam Kabupaten Kebumen 54365.

Kasalin rikala (29 September 2012)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar