Senin, 05 Oktober 2026

Kidung Bale Anyar

 

Kidung adalah suatu bentuk puisi lama, terutama yang berkembang sejak era sastra Jawa periode Tengahan, yaitu dari masa Majapahit akhir. Secara leksikal, kata "kidung" berasal dari bahasa Jawa Pertengahan dan mempunyai padanan dengan tembang atau sekar, bermakna 'nyanyian' dalam bahasa Jawa baru. Bentuk verba kidung dalam bahasa Jawa Tengahan menjadi mangidung, 'bernyanyi'. Bahasa Jawa Baru juga mengenal istilah kidung yang bentuk verbanya menjadi ngidung atau angidung. Makna ini kemudian sering dipakai dalam penggunaan istilah "kidung" sebagai nyanyian pujian atau religius dalam bahasa Jawa modern maupun bahasa Indonesia. (Wikipedia).

Kidungan adalah bentuk nyanyian, puisi atau tembang tradisional berirama yang sarat dengan nilai sastra, doa dan ajaran moral. Fungsi Kidungan dalah sebagai sarana Spiritual dan Doa: Berisi pujian, permohonan perlindungan, serta perjalanan jiwa manusia mendekatkan diri kepada Tuhan Yang Maha Esa..

Kidung Bale Anyar yang disusun oleh Ki Gedhe Tanpa Aran, adalah kidungan yang merupakan rangkuman dari Kidung Makna Surat Al Fatihah, Kidung Sawab Nabi dan Kidung Kaywwanan yang sumbernya dari Kidung Kawedhar karya Sunan Kalijaga, Kidung Singgah (tolak bala’), dan kidung Pangayoman (mohon perlindungan dari gangguan jim penunggu rumah/pekarangan baru dan jin pengunggu tanah jawa) berisi tentang do’a dan permohonan perlindungan kepada Tuhan Yang Maha Esa yang dilantunkan saat pertama menempati rumah baru.

Berikut ini lirik inti Kidung Bale Anyar dengan Pupuh Durma:


Ana kidung, pan angidung bale anyar

Tanpo gelar asepi

Ninis samun samar

Patine ulung  kembang

Siwur burut tanpo kancing

Kayu trisulo

Gegaran-nyo calemprit


Sumur bandung, asesirah tlaga muncar

Tibeng jajal ajail

Dhidhing endhas parah

Ulur-ulur liweran

Tetambang jaringing maling

Dhadhal dhadhanyo

Gegulung ing gegapit


Nagaraja, pangawasan manik kembang

Kembang kumbala taji

Tajem neng kandhutan

Udhune sarwi nungsang

Kerangkangan angutipil

Angajak-ajak

Jujul-jujul ajungkir


Prapteng ngandhap, mandhak ing uluk salah

Ingaweran tumuli

Ana Kenya prapto

Sajodho ngaku kondhang

Endi jambe loro ganjil

Rara ginuwang

Aja ana wani-wani


Rara wudu, apepayung kalacakra

Titihane nagaraji

Sabet ula lanang

Sinabetaken mangetan

Larut lara pan kabalik

Katulak ngetan

Sinabetaken malih


Lara saking, kidul sinabet katulak

Bali mangidul malih

Teka kulon prapto

Pan lajeng sinabetan

Pan kabalik ngulon malih

Teka lor prapto

Sinabetaken malih


Lara saking, nginggil katulak

Bali manginggih malih

Lara saki

ing ngandhap

Sinabetaken katulak

Pancabaya wis kapipil

Sanakku prapto

Saking wetan aputih


Kuthanipun, salaka ki tarulata

Balane limang kethi

Ayu pangreksanyo

Teguh luput kang lara

Sanak ingsung kidul prapti

Prapto ki mangutara

Abang kutha tembagi


Ing guwabala sangang kethi pangreksanyo

Nulak sagung penyakit

Sirna panca baya

Sanak ingsung kulon prapto

Ki mangin warnane kuning

Kuthaniro emas

Akondhang pitung kethi


Pangreksanyo, ayu luput ing rencana

Teluh tuju lan talik

Sanak sun lor teka

Ireng-ireng warnanyo

Awasto ki balasupi

Wesi kuthanyo

Balane patang kethi


Pangreksanyo, ayu luput ing rencana

Heh Allohumma sekti

Bumi sineksenan

Ing langit keblat papat

Malaikat angideri

Nabi saleksa

Rumekso siang ratri


Akacahyan, malaikat kawan nambang

Sadaya rupa peksi

Anucuki lara

Kelawan impen ala

Upatane sada yeki

Cinucuk sirno

Rampas papas kapipis

 **bersambung