Kidung Sejarah adalah sebuah kidungan dengan menggunakan pupuh tembang Mijil yang disusun oleh Ki Gedhe Tanpa Aran. Kidungan yang isinya tentang Hari Jadi atau lahirnya Desa Logandu Kecamatan Karanggayam Kabupaten Kebumen. Penentuan Hari Lahirnya Desa Logandu ini menggunakan 3 pola/pendekatan.
1. Cerita tutur yang sumbernya dari beberapa tokoh sesepuh desa,
2. Perhitungan masa jabatan Kepala Desa, sehingga penentuan hari lahir dihitung mulai dari pengangkatan Kepala Desa yang pertama
3. Menggunakan pendekatan spiritual dengan laku semedi (maladi hening).
Teks naskah Kidung Sejarah / lahirnya Desa Logandu
MIJIL
Mijil saking pangriptaning kapti
Pitutur kang maton
Piwelinge leluhur mbiyene
Madegipun Logandu puniki
Ari budha kasih,
Titi wancinipun.
Katitimangsa selikur Juli,
Dene tahuniro
Siji wolu papat pitu mangke
Wolu Saban tahun DAL ngepasi
Dhawah windu ADI
Gumbreg ingkang wuku
Tumibo lembu katiyup angin
Nenggih pancasudo
Pangarasan lakuning srengenge
Dinane Kebo ing mangsa kaji
Padha kang nastiti
Gentur tapanipun
Kang waspodo aja gampang gingsir
Laku tanpo waton
Sregep ndedonga lan prihatine
Asih tresno tumraping sesami
Maladi ing sepi
Aja padha mungkur ##kgta_2026